Minggu, 12 April 2015

Lirik Syi'ir Tanpo Waton

Astaghfirullah rabbal barayyah
astaghfirullah minalkhotoya
rabbi zidni 'ilman nafiiaa
wa wa fiqli 'amalan shalihaa
ya rasulallah salaamun 'alaik
ya rafii'assyani waddaraji ..
'athfatayyajiiratal 'alami
{ ya uuhailaljuudiwal karami } 2X
ngawiti ingsun nglaras syi'iran
kelawan muji maring pangeran kang paring rahmat lan kenikmatan
{riino weunginé tanpo pitungan } 2X
duh bolo konco prio wanito
ojo mung ngaji
syare'at bloko
gur pinter dongeng lan moco
{ tembe burine bakal sengsoro } 2X
akeh kang hapal qur'an haditse
seneng ngafirkeh marang liyane
kafire dewek gak di gatekke
{ yen isi kotor ati akale } 2X
gampang kabujuk nafsu angkoro
ing pepaese gebyare dunyo
iri lan meri sugie tonggo
{ mulo atine peteng lan nisto } 2X
ayo sedulur jo nglale ake
wajibe ngaji sak pranatane
{ baguse sangu mulyo matine } 2X
kang aran sholeh bagus atine
kerono mapan sari ilmune
laku torekot lan ma'rifate
{ ugo hakekot manjing rasane } 2X
al quran qodhim wahyu minulyo
tanpo tinulis iso di woco
iku wejangan guru waskitn
{ Den tancep ake ing jero dodo } 2X
Kumantel ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
mukjizat rasul dadi pedoman
{ minongko dalan manjinge iman } 2X
kelawan Allah kang maha suci
kudu rangkulan rino lan wengi
ditirakati diriadhoi
{ dzikir lan suluk jo nganti lali } 2X
uripe ayem rumongso aman
durunge roso tondo yen iman
sabar nerimo njasan paspasan
{ kabeh tinakdir saking pangeran } 2X
kelawan konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo daksio
iku sunahe rasul kang mulyo
{ nabi muhammad panutan kito } 2X
ayo nglakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
senajan ashor toto dhohire
{ ana ning mulyo makom drajate } 2X
lamun palastro
ing pukasane
ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh syuargo manggone
utuh mayite ugo ules 2X
ya rasulallah salaamun 'alaik
ya rafi assyani waddaraji
athfatayyaji ratal'alami
{ ya uuhailaljuu diwalkarami } 2X
dilarang copy paste!!! Bila dicopy paste tanggung diakherat kecuali
ada izin dr sy dan ada sumber linknya.

1 komentar:

  1. http://irfan-maulana-pasawahan.blogspot.in/2015/04/lirik-syiir-tanpo-waton.html#comment-form

    BalasHapus