Senin, 13 April 2015

syi'ir jawa habib syech "shalli wa sallim daiman"

Shalli wa sallim daiman 'alahmada
Shalli wa sallim daiman 'alahmada
wal ali wal ashhaabiman qadwahada
wal ali wal ashhaabiman qadwahada
ayo dong ngurangi nonton televisi
timbang nooton tivi luwih becik ngaji
ahbabul musthofa wadah kanggo ngaji
kumpul poro habaib lan poro kyai
eman temen wong kang
ninggal shalat wengi
saben dalu turu ora gelem ngati
shalat wengi ngono disenengi gusti
snpo gelem nyuwun
mesti diparingi
yen pengen nyenengne atine kanjeng nabi
ayo bareng bareng sregep melu ngaji
yen atine karep mesti ora bali
saben wayah ngaji ora tau keri
ayo bareng bareng mangkat pengajian
khanti ati seneng arep shalawatan
ngajak tonggo tonggo nganakne rombongan
colt brondol di sewo urun mangewuan
klambine you can see utowo press body
mbuka aurote ora nduwe wedi
ngono nguwi podo
karo mbukak wadi
bakal nrimo sikso besuk yen wis mati
lanang karo wadnn podo keluyuran
pamit nang wong tuo jare pengajian
ing nyatane malah do pacar pacaran
budal sok ngaji dho bonceng boncengan
lanang karo wadon manggo sepi sepi
nyanding senggal senggol koyo kebo sapi
ngono kuwi duso nurut coro nabi
ojo diterno yen durung di rabi

shalat lima waktu ayo podo njogo
jama'ah ing masjid bareng sak keluargo
urip kroso enteng nalika ing dunyo
gajarane gede manggo ing suargo

yen shalat kesusu ora bisa pernah
rukuk lan sujude ditoto sing nggenah
sing khusuk lan khuduk ugo tuma'ninah
ngerteni sing wajib lan ngerti sing sunnah

akeh bocah podo matur tahlilan bid'ah
akeh bocah podo matur yasinan bid'ah
bapak ibu ora jawab sebabe susah
durung durung anak iki ora genah
akeh mantu podo matur shalawatan duso
akeh mantu podo matur wiridan duso
moro tuo ora jawab sebabe kroso
durung durung mantu iki ternyata loro
yen rumongso sugih itungan dunyone
bagian zakate ojo dilalekne
dulur karo tonggo podo miskine
kabeh podo nunggu zakat bagiane
yen karo tonggone sing apik atine
yen kahanan longgar mikire butuhe
sajak perlu utang enggal diparingne
nanging ojo nganti njaluk anakane
ojo seneng guyon yen waktu ngaji
opo maneh sms mlaku riwah riwih
lungguhe sing anteng
rungokno sing titi
ngilmune manfaat kanggo sangu mati
eman lowong ngaji campur lanang wadon
campur lanang wadon lamun dudu mahram
biso biso malah nglakoni sing harom
ilmu gak manfaat malah rusak klakon
eman temen wong kang gelem tuku nomer
tombok sang bendino
kok yo ora blenger
rumongso wis akeh nanging ora bener
wajib ditinggalno ben ora keblinger



{sangat dilarang copy paste karena sy sudah capek capek menulisnya
kecuali menyertakan link sumber dan ditulis kembali bukan di copy
paste}

lirik birasulillahi wal badawi

Birasulillahi wal badawi
wa rijalin min bani 'alawi
salakuu fi manhajin wal nabawi
birasulillahi wal badawi 2X
rabbi inni qad madadtu yadi
minka arju faidhol madadi
faghisni
anta mu'tamadi
birasulillahi wal badawi 2X
qumtu bil a'tabii muqtarifan
li'azhiimiz zanbi muqtarifan
birasulillahi wal badawi 2X
juudukal ma'lufu athma'anii
wa lla rajwaka arja'ani
rabbi fazhiib ma yurowwi'uni
birasulillahi wal badawi